PACITANPOST
News Update
Loading...

Rabu, 02 Agustus 2023

RONNY DUKUNG DESA KALIKUNING NDUWE OBYEK WISATA TAMAN DUREN .

RONNY DUKUNG DESA KALIKUNING NDUWE OBYEK WISATA TAMAN DUREN .


Pacitan Ppos. 03.08.023.
Desa Kalikuning Kecamatan Tulakan , gara gara duren , isa uga dadi kecamatan paling populer sak Pacitan.

Kepopuleran Duren saka Kalikuning Tulakan kabeh wis kesuwur , masiha kadang kadang ,  duren saka desa liya menyang bakul diakokne ,,Duren Saka Kalikuning ,, ben cepet payu.

Kades Kali Kuning Agung dan Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono , usai Diskusi Rencana perwujudan Taman Duren Kalikuning.

Ananging sayang , Kepopuleran  desa Kalikuning muk sebatas ana trotoar pasar rikala usum duren.

Nek ditakoni tenan Desa Kalikuning iku ngendi , masiha wong Pacitan rata rata ora ngerti , amarga masiha populer merga durene , kabeh pada urung nate ngambah Desa Kalikuning, sing pancen panggonane  ana ndesa ela - ela.

Mula wingi bengi ( 02/03) , ana Warung Kopi Bangga ngarep Balai Wartawan, tokoh pengusaha Wisata Ir Sugihartp , wartawan , Kades Kalikuning Agung Winanto lan Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono diskusi informal ,  ngenekne gagasan gawe Obyek Wisata arupa Taman Durian Kali Kuning.

Tujuane ben Desa Kali Kuning sing wis terkenal kui , ditekani wisatawan , mbuh kui  wisatawan lokal utawa regional.

Gagasan Gawe Taman Durian Desa Kalikuning sing awale ,, diwedarke,, Wartawan Pacitan Post langsung diamini Kades Kalikuning lan Ketua DPRD Pacitan Ronny Wahyono.

Bahkan Ronny , usulke study banding menyang daerah daerah , sing wis duwe taman buah , kaya Kota Batu , kota Malang lan Semarang , tujuane ben ojo salah langkah , jare Ronny.

Terkait Lokasi , Kades Kalikuning duwe gagasan sekitar embung , lemahe ombo ,  pemandangane apik lan akses dalane iso dilewati mobil nganti teka lokasi Embung.

Ananging  mujudne  Taman Durian Kalikuning pancen ora semudah kui, kudu akses dalan  terpenuhi  minimal ambane lan kondisi aspale kudu memenuhi syarat, merga hubungane karo kelancaran lan keselamatan pengunjung, tegas pak Kades.

Sementara Tokoh Usahawan Ir Sugihato,sing wis malang melintang ana dunia usaha uga sangat setuju anane gagasan gawe obyek Wisata Taman Durian ana Desa Kalikuning, iku gagasan luar biasa hebat , wisatawan isa ndelok secara langsung wit duren asli Kalikuning.

Wisatawan uga iso tuku hasil bumi warga  lokal, iso nikmati pemandangan alam pedesaan , iso nikmati mangan durian ana lokasi secara langsung.

Ananging Tokoh sing uga owner Mentari Hill iku ragu ragu , apa iso terwujud .? mengingat iki musim politik , setitik setitik dikaitke Politik , setitik setitik dihubungke pencalegan lan Pilkada, tegas Sugik.

Nek mestine Pemerinta Daerah  , ingkang sinuwun Adipati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji uga bapa Gagarin selaku Wabub ..los.. ora mikir politik, sing penting desa Kalikuning gek ndang iso maju lan makmur,srana dibangune obyek wisata Taman Durian  Kalikuning, usul Rojihan wartawan Time Indonesia sing uga asli bocah desa Kalikuning ..( tik)













Selasa, 01 Agustus 2023

MASIHA BAHTERA KONI RADA OLING, ATLIT ATLIT PACITAN MALAH OKEH SING BERPRESTASI.

MASIHA BAHTERA KONI RADA OLING, ATLIT ATLIT PACITAN MALAH OKEH SING BERPRESTASI.

Ppos.03.08.023.
Masiha bahtera Koni ,  kawit ndisik - nganti seprene - kulina oling , tapi tekad atlit atlit Pacitan meraih prestasi , malah sang saya meningkat lan ngrembaka.

Mbuh  , mungkin kadung terbiasa situasi umyek , opo faktor tekad  ,sing jelas atlit atlit tetep latihan rutin , bahkan kecenderungan meningkat.

Gatot Pelatih Atlit Lari  Koni Pacitan.

Terbukti .! 
Cabor Cabor tertentu  justru prestasine malah meningkat tajam.
Kaya ta..! 
Angkat Besi Jawara , Para Glinding Jawara , Volly Ball , Catur ,  bahkan  terachir Atlit atlit atletik , kaya ta  Lari  entuk prestasi sing klebu membanggakan.

Masiha Ale latihan nganggo dana cekak , fasilitas cekak , dukungan  lan perhatian pemda rada kurang ,tapi ana Kejuaraan Daerah Jawa Timur ( Kejurda) entuk  3 medali  perunggu.

Pelatih lari Atlit Pacitan  Bripka Gatot , benerake yen 3 dina kepungkur  , atlit atlit lari Pacitan entuk medali perunggu ajang ,,Kejurda ,, Jawa Timur ana Magetan.

Putra mantu , ustad Asmuni Ploso iku omong , yen atlit atlit lari Pacitan duwe potensi juara , asal disiplin latihan , isa jaga pola makan lan ora terpengaruh hal hal negatif kaya to rokok lan sakpiturute.

Pelatih sing uga anggota Polsek Kota Pacitan , iku duwe target ,  atlit atlit lari Pacitan isa nyabet medali Emas ana Kejuaraan Porprop Jatim,sing bakal digelar sekitar wulan September tahun 2023 .

Sementara Fingsionaris koni Pacitan, Ir Sugiharto mengapresiasi setinggi tingginya , marang Pelatih Atlit lari Pacitan sdr Gatot sing secara mengejutkan ana Kejurda Magetan entuk medali Perunggu , ora kakean tuntutan , ora kakean ngak ngik ngok , tapi selalu semangat mengejar prestasi , jare Tokoh sing uga Ketua Pordasi Pacitan.

Apresiasi uga disampekne , Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , Alhamdulillah bar dik Wicylla Juara  dunia Sempoa ana Malaysia, iki krungu yen atlit lari Pacitan entuk medali Perunggu ana Kejurda Magetan , selamat buat para atlit Lari Pacitan lan tetep semangat, pungkas Bupati.
Perlu dimangerteni , Atlit Atlit Koni Pacitan kadang secara mengejutkan , norehne prestasi sing luar biasa , ora merga ngarep arep bonus gede ,tapi pancen duwe mental baja,sing ora iso disaingi karo atlit luar kota...


Apresiasi , uga disampekne mantan ketua koni Pacitan Haji Sugiharyanto , wis wayahe Koni Pacitan bangkit , ora usah terlalu njagakne Pemkab Pacitan sing memang  muk duwe  APBD cekak  , atlit atlit Pacitan kudu tetap semangat lan tetap disiplin latihan .

Ananging the big bos , Enggal Babar Bird Farm iku , tetep berharap Pemkab Pacitan terus menehi dukungan marang atlit atlit Pacitan lan Koni , trus sapa maneh nek ora Pemkab... ! ( Tik)







Selasa, 18 Juli 2023

dr .WARKIM ISO DICORET , NEK BAWASLU WANI..Tapi.....?

dr .WARKIM ISO DICORET , NEK BAWASLU WANI..Tapi.....?


Pacitan Ppos.18.07.023.
Opo pancen ora mudeng aturan , opo pancen sengaja , caleg no 10 atas nama dr Warkim , masang baleho ucapan 1 Muharam 1445 H.

Mungkin nek umpama , dr Warkim muk ucapne tahun baru Hijriah ora po po, tapi ana baleho tertera jelas gambar paku nyoblos no 10 , sing nota bene nomer bacaleg  atas nama dr Warkim Sutarto.

Saiki muk kari Bawaslu Pacitan , wani menehi sanksi opo ora , ning biasane Tim Bawaslu Pacitan jirih , ora duwe getih nindak pelanggaran sing nyolok mata , koyo sing dilakoni dr Warkim Sutarto


Miturut  Muhammad Saptono ,  sesuai sing dilansir salah sijining media , sesuai pasal 1 Undang Undang no 7 tahun 2017 tentang Pemilu,  pemasangan baleho sing wis diwenehi nomor urut klebu pelanggaran Pemilu ( nyolong start Kampanye), jare Saptono.

Senada karo Saptono , LSM PCW Pacitan Hadi Winarno , setuju pemasangan baleho an.dr Warkim wis iso diarani pelanggaran pemilu , katagori nyolong start kampanye.

Sementara Ketua Bawaslu Pacitan ,  Berty lan pelaku pelanggaran dr Warkim nganti berita iki ditulis  urung iso di hubungi , HP ne isih tulalit...tulalit...( Gustik)



Jumat, 14 Juli 2023

TRUCK GLUNDUNG TANGANE KERNET CUKLEK...

TRUCK GLUNDUNG TANGANE KERNET CUKLEK...


Pacitan.14.07.023.
Wis ngerti daerah Pacitan iku pegunungan,dalane angel ,menggak menggok , munggah mudun kok yo jik enek sopir sing ora ati ati.

Akibate merga ora ati ati,  bola bali enek truck utawa kendaraan roda 4 ngglundung ning tengah ndalan , bahkan enek sing njungkel menyang njurang.

Kaya maeng esuk ( 14/07) truk muatan triplek Nopol N 9484 UO , ana daerah tikungan Tumpak Rinjing Desa Dadapan , Truck jenis Fusp  nggoling ana tengah dalan.

Miturut saksi mata Sunar , kawit saka ngisor truck  muatan triplek iku wis medeni , bahkan kendaraan mburine sempat vidio , tenan pas arep belok , ujug ujug truck saka Malang iku nggobet ngiwo, langsung brus nggoling.

Triplek ambyar ana tengah ndalan sak mban emban , ajur mumur ora kalap. Sedangkan Sang sopir,  Djoni Purwanto (47) sirahe rada benjut lan kernete Budi Siswanto cuklek tangane.
Korban kabeh warga Lumajang , sementara truck Fuso,  iki dina dievakuasi Polres Pacitan , 

lan gandeng , okeh kecelakaan kendaraan roda papat , umume  saka luar kota  ,Kasat Lantas  AKP Nur Kolis, pesen hati hati isi muatan , ojo ngluwihi bates masiho muatan sing digawa enteng, merga dalanan Pacitan beda karo dalan liyane, tegas Kasat Lantas Polres Pacitan..( gustik)

Selasa, 11 Juli 2023

PALANG PORTAL ORA ENEK , MBAH GEOGLE ..TUKANG MBLASUKNE SOPIR..AKIBATE KEJUNGKEL..

PALANG PORTAL ORA ENEK , MBAH GEOGLE ..TUKANG MBLASUKNE SOPIR..AKIBATE KEJUNGKEL..


Pacitan Ppos.11.07.023.
Truck asal Tulung Agung , wingi esuk ( 11/07)  nggletak ning tanjakan mloko desa sedeng Pacitan , diduga merga diblasuk blasukke mbah Geogle .

Truck nopol B.9549 VCA sing disopiri  M. Aldo (20) asal Ngantru Tulung Agung Jawa Timur  ke glundung sekitar jam 06.000 isuk.

Aldo ngaku, pancen urung pernah menyang pacitan , sopir sing umure isih bleken , iku muk berbekal mbah Geogle , blas ora ngiro nek mbah geogle iku mau menehi dalan trabasan sing ora entuk diliwati truck.

Aldo uga nyayangake marang rambu rambu ana pacitan , nek memang dalan iku mau ora entuk dilewati truk , kok ora dipalang portal wae , ben truk ora liwat.

Alasan Aldo masuk akal banget, merga ora pisan pindo , truck lewat dalan Sedeng sing terkenal curam , akhire nggludung , tegas tukilan warga sekitar.

Menurut Tukilan Sak jane ndisik palang portal wis enek , tapi mbuh sekitar 5 tahun iki  palang portal ora enek, kudune DLLAJ opo perhubungan ,mikir oh iki bahaya ..oh iki erane mbah geogle ,imbuh tukilan sing tiap dino liwat dalan sedeng.

Pihak Kepolisian mbenerake yen kecelakaan truk asal Tulung Agung , diduga sopir muk ngandalke geogel map, sayang  teknologi mbah geogle urung iso deteksi, Si pengemudi numpak opo, sepeda motor , sedang opo truck ,  jare AKP M.Khis ambi guyon.

Sementara Hadi Winarno , Aktivis Bhineka Bangsa  Pacitan , ngritik pihak berwenang sing urusi  rambu dalan raya , sing ora menehi rambu pencegahan, arupo palang portal dalan sedeng , akibate okeh kendaraan keblasuk lan alhire njungkel ora teka nggon ...(( Gustik)


Senin, 10 Juli 2023

ASB : NJALUK WARTAWAN KOMPAK

ASB : NJALUK WARTAWAN KOMPAK


Pacitan Ppos. 11.07.023.
Rapat Dengar Pendapat ana gedung dewan dek wingi ( 10/07) nyisakne pitakonan sebagian anggota DPRD Pacitan.

Arib Setyo Budi mengapresiasi RDP antara Wartawan lan DPRD ( Komisi 1 ) wingi  rapat lancar , tertib lan ora enek nyudutke sopo sopo, kecuali muk usul Anggaran Media diundakne.

Ananging Ketua Fraksi Demokrat sing digadang gadang dadi ketua DPRD Pacitan iku , ngudarasa terkait Wartawan sing teegabung ana PWI Pacitan kabeh ora ketok melu RDP.

Merga Arib Setyo Budi wong lapangan, krasa  yen enek sing ora beres , antara PWI lan FPPA , wah iki enek apa iki kok sing teka  muk FPPA , jare arib setengah guya guyu.

Arib Setyo Budi Ketua Fraksi Demokrat Pacitan..saat wawancara dengan Ppos.

Tokoh Asal Tulakan sing populer diceluk ASB iku berharap , yen memang antara FPPA karo PWI enek sing geseh utawa kurang pas , tanpa mengurangi rasa hormat , ASB  njaluk insan Pers kompak..demi pembangunan Pacitan.

ASB uga yakin , ana Pacitan Ora enek wartawan Pendopo lan dudu Pendopo , tak kira kabeh sejajar , faktane Gedung Wartawan ( Bale wartawan) disilihi Bupati atas nama FPPA , tambah Arib.

Sementara Ronny Wahyono Ketua DPRD Pacitan , terkait pengajuhan tambahan anggaran Media , bakal merjuangke lan arep omong menyang Pemkab,tulung sak durunge diajokne di prenco prenco kebutuhane disik, kabeh ben terukur ,klebu kebutuhan anggaran FPPA , urai Ronny.

Perlu dimangerteni , pancen RDP karo Dewan  wingi ora ditekani PWI , sing teka muk FPPA , nganti rapat wis bar..bocah bocah PWI ora nongol.

Ternyata , koyo sing diomongke ketua PWI Pacitan Sudjarismanto,  enek mis terkait undangan RDP , ora enek opo opo gus , sumprit , ora enek persoalan sing urgen, tetep kompak , kalau toh cah PWI akeh sing rung pada nang BALE..iku muk soal wektu wae , jare Sudjarismanto diplomatis...( Gustik)










Sabtu, 08 Juli 2023

VIASA RESMI DIKONTRAK 5 TAHUN MNC TV..BUPATI BANGGA.

VIASA RESMI DIKONTRAK 5 TAHUN MNC TV..BUPATI BANGGA.


Viasa Dewa Artis Debutan baru hari ini resmi disambut Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji di Pendopo Agung Pemkab Pacitan , setelah menjuarai Kontes Ambyar Indonesia tahun 2023 MNC TV Group.

Pacitan.07.07.023.
Disekseni sekitar 200 undangan , Artis Anyar Gres Viasa Dewa disambut secara resmi Bupati Pacitan ana Pendopo Agung Pacitan.

Artis Viasa Dewa , teka didampingi Wong Tuane Hariadhi - Suprihati Winarcahyani , sanak kadang lan pendukunge  sing jumlahe ora tanggung tanggung , ana sekitar  100 uwong.

Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , sambutane ora dawa, muk mengapresiasi Viasa sing menjuarai Kontes Nasional ,  ngalahke puluhan ribu kontestan mulai saka Audisi , selamat yo mas , Pacitan bangga kabeh , slamet slamet jare Bupati  ambi guyon.

Bupati nyanyi duet dg Viasa sayang lampunya ditemaramkan.

Sementara Viasa , menyang wartawan omong , selepas dadi juara langsung dikontrak 5 tahun MNC TV ,tapi per tahun dievaluasi , tegas Viasa.

Merga Viasa saiki Artis , Kanggo ndukung karier Viasa , informasi saka  Hariadi (Bapak'e. )  Viasa Dewa bakal dikuliahne ning Jakarta, alhamdulillah pak tik cilik cilik ning Jakarta wis enek omah,terang Hari.

.    Keluarga Viasa Dewa asal Nawangan.

Kepala Sekolah SMAN I Pacitan Adi Supratikto , isane muk matur nuwun , yen salah sijining siswane  sing jenenge Viasa Dewa , selepas dadi juara disambut Bupati Pacitan secara resmi ana Pendapa Agung Pacitan , matur nuwun sanget pak Bupati , ungkap Adi Supratikto. 

Kepala Sekolah SMANI Pacitan Adi Supratikto turut hadir penyambutan Viasa di Pendopo Pacitan.

Atas nama Kekuarga Pandu Kemal, sing uga Camat Sudimoro Pacitan , uga nyampekne ucapa ,, terima kasih ,, marang kabeh warga Pacitan sing wis ndukung Viasa  nganti juara Kontes Ambyar tahun 2023 MNCTv...( Gustik)

Sutari dan Keluarga melu joget asyik.





Featured

[kriminal][recentbylabel2]

Featured

[Featured][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done