SENSONE GIGOL , NYAMPLUK TITIT..TUKANG SENSO KLENGER...
Pacitan Ppos.15.08.023.
Iki pelajaran kanggo tukang senso, gara gara ora ati ati utawa kurang perhitungan , sering kedadean kecelakaan fatal , nek ra kejepatan kayu , yo kebruk'an kayu , sing akeh korban mati.
Kaya kedadean ning dusun Ringin putih Desa Karang Rejo Kecamatan Arjosari Pacitan ( Ktn) titit'e (kemaluan) kepekso dirawat medis merga kesampluk senso sing gigol.
Miturut Sediono , wingi ( KTN) Lagi nyenso kayu , ujug ujug sensone lepas /gigol saka tangane , merga kondisi urip sensone monting monting akhire nyampluk sor udel mengisor.
Akibate udel lan titit'e ,, mbeset merga kesaut untu senso.... , bersukur ora pati parah , ijik kenek diobati ora nganti dijahit lan operasi , jare Sediono tokoh populer asal Arjosari Pacitan.
Anggota DPRD Pacitan asal saka Partai Gerindra iku pesen marang Pekerja Pekerja Pacitan , utamakan keselamatan , ojo nantang maut , kendel iku ono batese,imbuh diono.
Perlu dimangerteni , komunitas tukang senso Pacitan cacahe akeh banget, iso nganti ewon , merga karakter daerah Pacitan 85 persen pegunungan.
Saben dino wong tebang kayu ora mandeg mandeg , yo muk sayang , Truck sing dienggo ngangkut kayu , bobote kelewat bates.
Akhire dhalan dhalan pada rusak, nek wis rusak , cucuh cucuhan antara warga lokal karo perangkat desa , sing ora duwe aturan ketat , karo truk truk sing muat ngluwihi bates....(tik)