PACITANPOST

Minggu, 28 Juli 2024

SUSILO : PETARUNG sing KALAH TARUNG lawan HUKUM INDONESIA

Mungkin sosialita ning Indonesia kon nglakoni nulung wong mlarat,wong lara ,wong mati ora enek sing isa kaya SUSILO.

Pacitan : 29.07.024.
Langkah Susilo ,  saben dina ngrukuni wong cacat,wong mlarat , wong lara bahkan wong edan patut diacungi jempol.

Mungkin golek tokoh sing kaya Susilo  jaman saiki rada kangelan , gelem ngedusi wong edan , gelem gendong wong lara tengah wengi , gelem menehi beras wong ra isa mangan , gelem ngrukuni wong mati merga raduwe sanang kadang lan aksi sosial  liyo liyane.

Merga saking peduli marang kesengsaran wong liya ,  Susila nganti lali golek pangan , baka setitik banda keluargane dijupuk kanggo ngrukuni wong mlarat lang wong lara.

Saking wis rakuat nyangga  dewe , susila ngedegne semacam LSM Sosial sing dijenengke PETARUNG SOSIAL.

Mungkin karepe Susila , kanthi ngedegne LSM Sosial  , karepe ' keruwetane ngewangi wong mlarat , wong lara , wong edan lan wong mati isa direwangi Pemerintah.

Ternyata harapan Susila Zong , Pemerintah duwe pakem dewe , pemerintah duwe mekanisne dewe , ora asal bantu merga enek tahapan sing rada ribet .

Pancen yen ngejibke Pemerintah , wong ora isa mangan dina iki , ora mungkin pemerintah menehi dina iki , wong lara dina iki Pemerintah ora mungkin nulung dina iki , sing akhire penderita akeh sing nekani pati .

Ora menyerah karo ribeting aturan Pemerintah Susila mulai tertarik lan tergoda bisnis jangka pendek , yo kui Investasi sing ditawarke wong liyo.

Mobil mewah kadol , toko kadol , hasil penjualan toko amblas , muk gara gara tergiur investasi bodong sing ditawarke RONDO KEMPLING sing isih keetung tanggane dewe.

Susila tergiur Investasi bodong merga warga liya okeh sing melu , Bojone Polisi Polsek nglorok , PNS nglorok lan warga masyarakat liyane uga melu Invest

Ora nyana ora ngira perjuangan golek duwit kanggo nulung kesengsaran wong liyo justru ajur mumur merga keblegong investasi bodong nganti entek sekitar 500 juta.

Mbuh merga wis kadung judeg, kasus penipuan RONDO KEMPLING dilaporne Pihak Berwajib , sing akhire si Rondo Kempling ditersangkakan lan ditahan.

Cuma sing gumun , Susila sing uga anak tentara lan pengusaha Bus Pacitan Jaya Putra  ( alm Heru PJP) , protes keras marang penegak hukum Pacitan sing dianggep bertele tele lan ora serius nangani kasus Investasi Bodong ana Pacitan.

Bener tersangka pernah ditahan , tapi berkas perkarane janji mlebu kejaksaan ditolak , merga jare kurang lengkap buktine.

Bahkan Susilo tambah judeg merga kanggo nglengkapi berkase , pihak penegak hukum kongkon nekakne Auditor sing jaluk bandrol sekitar 50 juta.

Akhire Susila sing ngibarke bendera PETARUNG SOSIAL rumangsa kalah TARUNG MARANG HUKUM INDONESIA.

Saiki gaman Susila kari siji ,  gawa persoalan ketidak adilan hukum lewat jalur Pusat lan lewat Jalur Langit .

Ngadu menyang Pengurus FPPA sebagai jalur alternatif ,  SUSILA diwejang  marang pengurus FPPA , masiha awakmu berbuat suci lan apik , nggendongi wong lara , ngedusi wong edan lan makani wong mlarat , ojo sekali kali amalmu sucimu bakal diperhatikan lebih.

Reskrim , Kapolres , Jaksa & Hakim muk menungsa biasa sing uga duwe luput / mungkin keadilan  urung wayahe teka menyang awakmu , tapi FPPA yakin suatu saat Keadilan bakal teka ...( bersambung)



Menebak arah Trio! Budi Sarte'k-Wiwit Bagong & Indartato.

Budhi Sartek.Wiwit Bagong & Jhon Vera dalam sebuah kesempatan.

Pacitan Ppos. 28.07.024.
Mantan Bos Golkar Pacitan , sing pirang pirang dina diberitakne' bangun kekuatan politik enek benere'.

Ananging ,' Kekuatan politik sing dimaksud, ternyata dudu kekuatan politik arep melu nyalonke Bupati/Wakil Bupati Pacitan Pilkada tahun 2024.

Menurut  tokoh sing duwe jeneng asli Ir Efendy  Budi Wirawan iku omong, yen kedekatan dewekne karo pak Wiwit Bagong wis terjalin suwi , seumpama aku dukung pak Rahman pun tak kira sah lan  ora..salah , tegas Budi diplomatis.

mantan Bupati Pacitan Indartato isih dikagumi lan dihormati marang warga Pacitan , klebu Calon Wakil Bupati Pacitan Rahman Wijayanto sing pingin foto cedak pak In.

Mungkin!
Yen pernyataan spontan iku dudu dilontarne  saka Budi Sartek , dianggep biasa wae , ananging gandeng Budi Sartek pernah mimpin DPD Golkar Pacitan 4  periode berturut turut , pernyataan Budi Sartek ngagetne wong sing krungu.

Politisi senior PDI Perjuangan Jhon Vera sing kebetulan saka awal melu nyimak obrolan lan interaksi  antara Wiwit Bagong -  Budi Sartek  , ngaku kaget....wah iki ..iki....arahe wis jelas iki...jare  Jhon Vera guya guyu.

Mantan Anggota DPRD Pacitan tahun 1999- 2004  bahkan sempat  guyon maton ( njaluk ) menyang Budi Sartek Maju  Bupati Pacitan tahun 2029 , ayo pak..sebagian warga  Pacitan wis nunggu suwi  lho, imbuh Jhon serius.

Sementara mantan Bupati Pacitan 2 periode DR. Drs Indartato MM  sing rawuh diderekne dr Warkim , wis koyo biasane gemujeng  ( nggih...nggih..nggih..ngeten ..nggih ) 

Sedang !
Calon Wakil Bupati Pacitan ,  sing teka dikancani Kades Tambak Rejo Winarno , krungu pernyataan kolega lawas Budi Sartek ( sing seolah menehi dukungan )  ketok sumringah , kapan kapan dalem tak sowan nggih pak Budhi , dalem nyuwun suwuk semboripun..jare Bagong ambi gligak gligik sumringah.

Perlu dimangerteni , Pilkada serentak bakal digelar tanggal 27 Nopember 2024 , pilihan Gubernur lan Kepala  Daerah Tingkat 2  bareng dina iku.

Khusus Kabupaten Pacitan , tahapan Pilkada lagi teka sosialisasi Masyarakat terkait simbul / Maskot Pilkada sing dikirab KPU Pacitan tanggal 25 Juli 2024 .

Terkait tokoh sing resmi tarung pilkada Pacitan , nganti dina iki kabeh urung ketok , Jago saka Partai Demokrat sing nyadong Surat Rekomendasi saka DPP enek wong papat ,  Indrata Nur Bayu Aji  ( incumben) Ronny Wahyono ( Ketua DPRD ) Rakhman Wijayanto ( mantan Kades Arjowinangun) M.Thoha ( Mantan Naib).

Sementara Partai diluar Demokrat , kabeh urung duwe sikap sing jelas , utamane Partai Golkar , Gagarin sing diarep arep masyarakat Pacitan  maju  tanding lawan Indrata Nur Bayu Aji , urung kethok arahe .

Bahkan Lancur Susanto ,  Sekretaris DPD Partai Golkar Pacitan , njaluk marang media kon sabar , kabeh nunggu perintah DPP  Partai Golkar - Slipi Jakarta...( Gustik)






















Sabtu, 27 Juli 2024

Agustusan Mentoro wis regeng, enek ombak banyu & dremolem..

Pacitan Post Group.27.07.024.
Saben saben agustusan ,  kabeh daerah sak Indonesia ngenekke kegiatan, yo kui kegiatan sing hubungane' karo HUT Kemerdekaan Republik Indonesia.

Klebu Desa Mentoro Kecamatan/Kabupaten Pacitan , masiha tanggal 17 Agustus ijik rada suwe, tapi desa sing paling etan dewe Kecamatan Pacitan iku wis mulai ngenekne kegiatan.

Miturut staff desa  Mentoro Wayan Diana, kanggo awali kegiatan agustusan , Desa Mentoro ngenekne Pasar malam sing dititik beratkan pemberdayaan UKM.

Ananging  kegiatan pasar malam ben ketok rame , pihak desa jalin kerjasama karo pihak luar sing duwe fasilitas Drumolem , ombak banyu lan omah jlok jlokan sing bakale' saka karet, jare Wayan.

Wayan  nambah ake' Ijin keramaian tertera 20 dina , ananging kemungkinan muk dilaksanakake'  17 dina , imbuhnya.

Informasi warga , Ternyata ora mung dodolan UKM sing laris manis ,  Tapi  ( juru parkir dadak'an ) uga entuk berkah rejeki sing  lumayan akeh .

Ditakoni media ,  Ucok Harahap sing ngelola parkir ngarep garasi Aneka Jaya , ngaku minimal  sewengi  hasil saka karcis parkir  rata rata entuk 200 ribu , sedang parkir sing ana njero stadion aku ora weruh , kilah Ucok .

Perlu dimangerteni , kabeh kegiatan Desa dalam rangka HUT RI tahun 2024 , bakal dipusatne ana Stadion Magribi  Desa Mentoro.

Stadion Maghribi sing saiki lagi dibangun ,  klebu stadion tingkat desa  sing lumayan gede' lan apik , sayang pembangunan Stadion Magribi  bola bali tersendat , merga biayane akeh banget..( tim,)















SEKRETARIS FPPA KE TURKI, YUSUF PAMIT...

Sekretaris FPPA Yusuf berangkat ke Turki .

Pacitan Ppos. 27.07.024.
Sekretaris Forum Pewarta Pacitan ( FPPA) Yusuf Rifai, menurut rencana tanggal 4 Agustus 2024 arep lungo menyang negara  Turki kira kira 10 dina.

Yusuf Rifai sing berstatus  pengajar  Perguruan Tinggi Islam ana daerah Arjosari Pacitan lan  uga  seorang Jurnalis media Nasional (timesindonesia.co.id.) lunga menyang Turki dalam rangka golek ilmu. 

Ananging menurut Yusuf, masiha  menyang  Negara Turki  dudu dalam rangka tugas jurnalistik, ananging sing jenenge seorang wartawan, arep ning endi panggone  tetep dalam bingkai tugas kejurnalistikan, tegas Yusuf.

Yusuf Rifai sing duwe Bojo cah desa Klepu Kecamatan Donorojo Pacitan, bakal sinau akeh bab keberagaman negara Turki, utamane bab budaya, agama lan pendidikan, imbuh Yusuf.

Yusuf  Rifai di kantor FPPA Rumpin Pacitan.

Sementara Kadis Kominfo Pacitan Dodik, rumangsa bangga insan media Pacitan, sebagian jurnalis wis pada nuai prestasi, yen wingi Mas Joko entuk Juara 2 Tingkat Nasional karya jurnalistiknya, iki disusul Mas Yusuf entuk kesempatan menyang Turki, selamat yo mas yusuf, jare Dodik bangga. (Tim)









Kamis, 25 Juli 2024

BUPATI SENENG TARKAM TETEP LANJUT..


Pacitan Post .25.07.024.
Kabupaten Pacitan gelar Kompetisi Tarkam wis ping pindo , sing pertama ( tahun 2023) digelar ana lapangan Purwoasri Kecamatan Kebonagung.

Tahun 2024  ( Tarkam 2 ) digelar ana Stadion Kucur Kelurahan Sidoharjo Pacitan sing maeng esuk dibuka secara Resmi Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji.

Yo muk bedane  ! Kejuaraan Tarkam II ditambahi acara  Festival Olah Raga Pendidikan, sedang Tarkam I murni Pertandingan olah raga thok.

Bupati Aji foto bareng Forkopimda & Peserta Upacara Tarkam ana Stadion Kucur Pacitan.

Menurut Pejabat Kemenpora ,  Ahli Utama Analis Kebijakan Devisi Pengembangan Pemuda Imam Gunawan mewakili Menpora , omong yen Festival olah raga Pendidikan muk digelar 30 Kabupaten / Kota ,sedang Kejuaraan Antar Kampung  ( Tarkam) muk digelar 75 Kabupaten / Kota se Indonesia.

Pembukaan Tarkam & Festival Olah Raga Pendidikan tahun 2024 akeh dihadiri Pejabat Daerah , termasuk Kacab Pendidikan Provinsi Jawa Timur Wilayah Pacitan Indiyah.

Sementara Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , sing tampil nganggo kaos  olah Raga werna putih , rumanggsa seneng Kabupaten Pacitan isih dipercaya gelar event Tarkam II , bahkan ditambahi gelaran Festival Olah Raga .

Muga muga ! ,  anane' even Tarkam sing rutin digelar per tahun  ana Pacitan ,  mampu melahirkan atlit atlit juara asal Pacitan ,  selamat bertanding pungkas Bupati.

Manuk Dara werna putih sing diculke Bupati menyang alam liar sebagai pertanda pembukaan  Kejuaraan Tarkam ana stadion Kucur Pacitan.

Sebagai penanda Kejuaraan Tarkam & Festival Olah Raga Pendidikan resmi dibuka , Bupati  Aji  ngeculne Manuk dara sak kandang ana tengah Lapangan Stadion Kucur Pacitan, disekseni tamu undangan lan peserta Upacara.

Sedang Kepala Dinas Pendidikan Pacitan Ir Budiyanto MM. rumangsa mbegogok atine ,  merga event Kejuaraan Tarkam lan Festival Olah Raga Pendidikan  sing wis rong tahun digelar ana Pacitan , minimal mampu melahirkan semangat baru , mengejar prestasi dibidang Alah Raga sesuai cabor sing diminati.

Terlihat  Pejabat daerah Pacitan Ir Heru Tunggul , Heru Sukrisna , Andi Faliandra ,  Daryono , Ir Budiyanto  dsb , menghadiri upacara Pembukaan Kejuaraan Tarkam II .

Kepala Dinas Pariwisata , Kebudayaan dan Olah Raga ( Disparbudpora) Kabupaten Pacitan   Turmudi , ora kakean omong , wis bijenono dewe kegiatan Dinasku , seminggu kepungkur Festival  Rontek, iki Festival Olah Raga , saman Slumun slamet muga muga awakku kuat , jare Turmudi ketok  lungkrah merga kesel.

Sayang kesibukan Disparbudpora sing bola bali gelar event , pirang pirang dina kepungkur ,dikritik  Ketua Komisi 3 DPRD Pacitan Anung Dwi Ristanto , Tokoh  asal Desa Watukarung iku mengkritisi terkait PAD Disparbudpora sing ijik  adoh dibawah target , koyo sing diomongke ana sebuah media online....( Tim)






Rabu, 24 Juli 2024

Rudi O, Pejabat DPRD Pacitan sing Klesetan Bareng Wartawan


PACITANPOS.ID, PACITAN– Nalika acara Peluncuran Maskot Pilkada 2024 ing pendopo Kabupaten Pacitan, anggota DPRD Pacitan, Rudi Hartoyo, sing akrab disebut Mbah Rudi O, nuduhake sikap sing merakyat karo para wartawan. Tanpa rasa sungkan, dheweke klesetan ing lemah bareng para jurnalis, sing nggawe suasana acara dadi gayeng lan akrab.

Sanadyan jabatane minangka anggota dewan sing disegani, Mbah Rudi O ora nduduhake sikap jaim. "Halah, wis biasa klesetan ing lemah, aku pancen koyo ngene," ujare karo mesem, nuduhake karaktere sing sederhana.

Karakter supel lan seneng mesem iki dadi ciri khas saka Mbah Rudi O, lan dheweke uga dikenal dermawan marang sapa wae.

Ing tengah obrolan karo para wartawan, Mbah Rudi O uga nuduhake selera humore. "Yen karo pejabat, opo wae tak wenehi, yen karo kowe (wartawan) pelit, ha ha ha," ujare karo gaya guyon sing langsung disambut cekakakan para jurnalis. 

Sikap iki uga nuduhake keakraban nalika dheweke nyebut salah siji temane, sing uga anggota dewan, kanthi jeneng panggilan Syekh Pujo.

"Iku Syekh Pujo ora gelem mudhun saka mobil, wedi dheweke, ha ha ha," tambah Mbah Rudi O, nggawe suasana dadi luwih santai ing tengah acara resmi kasebut.

Sikap sing sederhana lan nggemuyu iki nggawe Mbah Rudi O semakin dicintai masyarakat lan kolegane.

Ora kabeh wong ngerti yen sanadyan sikapane sing sederhana lan humoris, Mbah Rudi O duwe prestasi sing apik. 

Dr. Johan Tri Putranto, salah siji pejabat ing RSUD dr Darsono Pacitan, ngaku yen dheweke sempat menduga yen Mbah Rudi O ora bakal terpilih maneh ing Pemilu 2024. "Aku ora ngomong ngono, lah ya dadi anggota dewan maneh to dheweke," ujare Dr. Johan ngelak.

Mbah Rudi O mbuktèkaké yèn kedekatane karo masyarakat ora mung sekadar pencitraan. Sikapane sing tulus lan apa anane wis nggawa kepercayaan masyarakat kanggo milih maneh dadi wakile ing dewan. 

Acara peluncuran maskot iki dadi bukti yen pejabat publik sing merakyat kaya Mbah Rudi O isih dadi teladan kanggo akeh wong.

Karo gaya komunikasi sing gampang dipahami lan sikap terbuka, Mbah Rudi O mbangun hubungan sing apik karo media lan masyarakat. 

Ora ketinggalan, Anggota Dewan siji iki mesti demen nggawani empong gendul sing isine wedang kopi. 

Sikap kaya iki penting banget kanggo nggawe pemerintahan sing transparan lan akuntabel, uga kanggo ngukuhake hubungan antara pejabat publik lan masyarakat. (tim) 

Arak-Arakan Maskot Pilkada, Untung Pesertane Sabar, Hebat!

Event Organizer / Panitia Arakan Maskot Pilkada dinilai ora profesional. (FOTO: Gustik/Pacitan Pos) 

PACITANPOS, PACITAN-Rabu (23/7/2024). 
Pancen mengelola sebuah kegiatan sing ditekani wong akeh , iku ora gampang, prinsipe' panitia kudu siap samubarange', siap mental ya siap anggarane'

Anggaran ak`eh, y`en panitia ora siap mental lan ora terprogram kanthi apik, hasile mesti semrawut, tur ujung-ujunge malah mengecewakan.

Koyo misale KPU Pacitan  maeng awan, Rabu (23/07) ngenekne Acara Arak-Arakan Maskot Pilkada Gubernur/ Wakil Gubernur Jatim lan Pilkada Bupati Pacitan/Wakil Bupati Pacitan tahun 2024.

Merga undangan jam 13.00 WIB, peserta kegiatan sing omahe' adoh-adoh teka menyang lokasi mesti sekitar jam 11.00 WIB, bahkan peserta saka luar kota teka Pacitan sedina sakdurunge'.


Sejumlah Wartawan klesotan ning suket ngiras pantes ngadem ben ora stres nunggu acara diwiwiti. (FOTO: Gustik/Pacitan Pos) 

Masalah mulai muncul, acara kegiatan molor ora tanggung tanggung, ditunggu nganti jam 14.00 WIB urung dimulai, ditunggu maneh jam 15.00 WIB urung dimulai, nganti teka kira-kira jam 15.30 WIB acara resmi lagi dibuka.

Kabe`h  ora ene`k  sing ngerti, sing salah Bupati Aji  sing molor ale'  teka , opo pance'n panitia sing  ora tepak nyusun jadwal, kabeh pada ora weruh, sing jelas! acara Arak-arakan Maskot Pilkada ,  klebu acara semrawut.

Peserta kegiatan sing notabene Pantarlih, PPS, PPK sing  teka adoh-adoh akeh sing keliren, kluwen merga ale gawa duit cumpen, arep njipuk snack isin, ora njupuk  ora gek didumi.

Sing repot tamu undangan, merga ale molor terlalu suwi, tamune ketok ora sabar, akhire' ge`se`r  siji-siji - nganti meh pada mulih kabeh, praktis kursi undangan diiseni penonton, kecuali sisa setitik sing dipersiapkan kanggo Bupati lan segelintir pejabat.

Acara Arak-Arakan Maskot Pilkada ana Pacitan tahun 2024, mungkin yen didelok sak sekitare panggung  (secara visual) seolah kaya ijik rame'  penonton ,, tapi sejatine' ,, penonton  ake'h sing wis pada mulih ,  bahkan mungkin luwih saka separo.

Keluhan ' Ora mung kuwi, peserta saka luar kota, sing mudun saka mobil Plat AG, muring-muring , merga acara ora gek diwiwiti  ,,  "Iki piye to rek-rek,,  acara kok molor ora tanggung-tanggung, jebul semrawut yo acarane KPU Pacitan," jarene salah siji peserta. 

Sing lucu maneh undangan Media, tertera kudu nganggo baju adat, enek sing teka nganggo klambi lurik-lurik, enek sing kompak nganggo klambi ireng-ireng lan enek sing bebas.

Kocapo merga bingung perane' media, opo undangan lungguh kursi, apa melu peserta arak- arakan mlaku bareng, kabeh pada bingung,  akhire malah muk ngrobol klesotan ning suketan mburi pager pendopo.

Begitu acara diwiwiti, wartawan sing biasane ceprat-cepret ning ngarep panggung, nyaris ora enek sing njupuk gambar, kecuali muk siji loro, rata rata merga ora ngerti jam pira ale arep wiwit.

Media sing tergabung ning FPPA (forum Pewarta Pacitan) asline ora mentolo ndelok KPU semrawut ngenekne sebuah Acara penting.

Berdasar usulan  undangan /tokoh tamu sing kecewa , klebu usulan peserta luar kota ,, sing intine ,,  njaluk tulung menyang awak media , KPU Pacitan kudu berbenah  seumpama ngenekne'  acara ,  sing nglibatne peserta okeh, utamane yen acarane digelar out door .

Seumpama KPU nunjuk ( Event Organiser ) yo kon golek ( EO)  sing profesional, seumpama digarap panitia KPU dewe , yo kon sinau sing apik, introspeksi, yen enek event maneh ora ngisin-isini.

Tulisan ini bertujuan untuk mendorong KPU Pacitan berbenah dalam setiap pengadaan kegiatan, hal ini sekaligus untuk memenuhi janji FPPA yang diamanati peserta yang kecewa. Bravo KPU Pacitan. Ditulis oleh Sutikno sebagai kapasitas Ketua FPPA Pacitan.

#pacitan #kpu pacitan #pilkada pacitan












Ad Placement

Kesehatan

Olahraga

Covid-19