PACITANPOST

Senin, 05 Agustus 2024

JAGO KAPUK DIGANTI BAL BALAN SILATURAHIM..CEGAH UPAYA TAWURAN..?

Nawangan Ppos.05.08.024.
Masiha istilah Turnamen Jago Kapuk identik Bal - Balan tuwek tuwek'an , aja dikira yen tanding tenan adem ayem .

Salah gede`n ,   yen ene`k sing omong bal balan jago kapuk ora enek tawuran , justru  Turnamen Jago Kapuk sing sering tawuran antar pendukung , sekalipun muk pendukung antar  desa utawa pedukuhan.

Bahkan  akeh Kepala Desa , saiki wis mulai mikir ora ngenekne acara  Tradisional Bal Balan Jago Kapuk  kanggo acara  Pitulasan Agustusan , merga wegah ribet wargane dadi tukaran dewe' dewe'.

Mungkin merga wegah kelangan moment Tradisional (Turnamen Jago Kapuk ) salah sijining tokoh muda Pacitan Asal Nawangan  Lancur Susanto,  ngilangke istilah Turnamen  Jago Kapuk ( diganti) Turnamen  SepakBola Silaturahim / Liga Silaturahim.

Sekalipun kadang cuaca berkabut , Liga Silaturahim tetep berjalan normal.

Menurut Lancur , Liga Silaturahim ana Daerah Nawangan wis ping pindo kawit tahun 2022  ,akibat PPHBN Kecamatan Nawangan wis ora ngenekne Turnamen  Sepak Bola ,sekalipun muk sekedar Lomba Jago Kapuk.

Kanggo ngijoli kecewane Warga masyarakat Nawangan , Lancur , para punggawa Desa, pecinta bola lan paguyuban sepak Bola  duwe inisiatif ngenekne Turnamen Bola ( khusus)  Nawangan Lor sing meliputi Desa Pakis Baru , Desa Jetis Lor , Desa Ngromo lan Desa Penggung.

Penonton  Daerah Nawangan klebu Tertib Masiha digelar Turnamen Sepak Bola sing acap kali  desa liya tawuran.

Sementara Ketua Panitia Turnamen Liga Silaturahim 2 Bolo Winarso , omong yen pendanaan Turnamen murni swadaya saka Desa peserta , ora entuk bantuan saka Pemerintah Kecamatan , tegas Bolo.

 Bolo  Winarso nambah'ake' , Pertandingan Sepak Bola sing dikemas Turnamen Silaturahim , entuk rekomendasi PSSI Pacitan lan entuk Suport langsung saka Kepolisian Sektor Nawangan.

Turnamen digelar saka tanggal 25-07 nganti tanggal 14-08-024 ,  alhamdulillah nganti dina iki  adem tanpa keributan ,  Turnamen sing mampu menehi uang pembinaan kanggo Juarane' iku , uga didukung lan ditekani beberapa tokoh Bola Luar Kota , antarane mantan pemain Bola asal Ponorogo Imam Fikri Muhajir lan mantan Pemain sekaligus Kasad Narkoba Polres Nganjuk Heru Prasetyo anugroho.
Lancur Susanto & Mantan pemain Bola Heru Prasetyo Nugroho sekaligus Kasad Narkoba Polres Nganjuk.

Perlu dimangerteni , Turnamen Silaturahim 2 sing dienekne Tokoh Paguyuban/pecinta Sepak Bola Kecamatan Nawangan tujuan utama Memperingati HUT RI ke 79 , Sekaligus  sebagai ajang Olah Raga Rakyat sing adoh saka Tawuran....(Gustik)














Pacitan Raih Prestasi Nasional Lantaran Sukses Ngendhalekne' Inflasi..


Bupati Pacitan, Indrata Nur Bayuaji nampani penghargaan saka Mendagri Tito Karnavian ning Jakarta dina iki. 

PACITANPOST.ID-Pemkab Pacitan nambah maneh prestasi sing luar biasa. Bupati Pacitan, Indrata Nur Bayuaji rumangsa syukur banget , amarga pencapaian iki.

"Alhamdulillah, kabupaten Pacitan isa ngendhalikne inflasi daerah lan entuk penghargaan," ujar Indrata Nur Bayuaji, Senin (5/8/2024).

Prestasi iki diwujudne lewat Penghargaan Insentif Fiskal Tahun Anggaran 2024 Kategori Pengendalian Inflasi Daerah Periode 1 saka pemerintah pusat. Penghargaan iki diterimakke 35 kabupaten, 10 kota, lan 4 provinsi sa Indonesia.

Penghargaan sing bergengsi iki diserahne langsung karo Menteri Dalam Negeri RI, Tito Karnavian, pas acara Rapat Koordinasi Pengendalian Inflasi Daerah neng Gedung Sasana Bhakti Praja Kementerian Dalam Negeri, neng hari sing podho.

Acara iki nduweni tujuan kanggo mendorong partisipasi pemerintah daerah neng ngendhalikne inflasi lan ngasih penghargaan marang daerah sing nunjukke kinerja apik, sekaligus memacu daerah liyane supaya nyoba nggawe upaya sing podho.

"Neng rapat kuwi, awakmu kabeh mbahas strategi lan langkah konkret sing isa ditrapne karo pemerintah daerah kanggo ngethok laju inflasi. Penghargaan iki dadi bukti yen Pacitan berhasil nerapne kebijakan sing efektif," jelas Indrata.

Ora mung kuwi, rapat iki uga digabung karo Rapat Pengembangan Tanaman Obat Herbal Nasional. Kombinasi loro rapat iki nuduhne komitmen pemerintah pusat neng ngoptimalake potensi daerah sekaligus njaga stabilitas ekonomi.

Prestasi Pemkab Pacitan iki ora muncul begitu wae. Saka awal tahun, Kabupaten Pacitan wes nerapne macem-macem program strategis kanggo njaga stabilitas harga kebutuhan pokok lan ningkatne kesejahteraan masyarakat.

"Salah siji kunci keberhasilan awakmu iki yaiku kerja sama sing erat antara pemerintah daerah, pelaku usaha, lan masyarakat. Awakmu terus nyoba supaya distribusi barang lancar lan harga tetep stabil," tambah Indrata.

Langkah-langkah konkret kaya pengawasan ketat marang distribusi barang kebutuhan pokok, intervensi harga lewat operasi pasar, lan edukasi marang masyarakat soal pentingnya pengendalian inflasi, dadi bagian saka strategi Pacitan neng njaga stabilitas harga.

"Kanthi penghargaan iki, awakmu berharap isa dadi inspirasi kanggo daerah liyane supaya terus inovasi lan kerja keras neng ngendhalikne inflasi. Semoga prestasi iki uga isa memacu semangat awakmu kabeh supaya terus menehi sing terbaik kanggo masyarakat," pungkas Indrata.

Penghargaan iki ora mung dadi kebanggaan kanggo Kabupaten Pacitan, tapi uga dadi motivasi kanggo daerah-daerah liyane supaya luwih giat neng ngendhalikne inflasi.

Neng suasana ekonomi global sing ora menentu, peran pemerintah daerah dadi penting banget neng njaga stabilitas harga lan kesejahteraan masyarakat. Kesuksesan Pacitan iki dadi bukti nyata yen kanthi komitmen lan kerja keras, saben daerah isa entuk hasil sing mbanggakake.

Keberhasilan Pacitan neng nampa Penghargaan Insentif Fiskal Tahun Anggaran 2024 Kategori Pengendalian Inflasi Daerah dadi inspirasi lan dorongan kanggo kabeh pihak supaya terus sinergi neng njaga stabilitas ekonomi nasional.

"Iki hasil kerja keras kabeh. Ayo awakmu terusne upaya iki demi kesejahteraan masyarakat lan kemajuan daerah," tutup Indrata.

Kanthi penghargaan iki, Pemkab Pacitan ora mung berhasil njaga stabilitas harga kebutuhan pokok, tapi uga nuduhke yen kanthi strategi sing tepat lan kerja sama sing solid, inflasi isa dikendhalikne demi kesejahteraan masyarakat. Penghargaan iki dadi bukti nyata yen Pemkab Pacitan ana ing jalur sing benar neng upaya njaga stabilitas ekonomi lan kesejahteraan masyarakat. (tim)

Minggu, 04 Agustus 2024

Soal Adem: Jumog Kalah Adoh karo Pakis Baru Tapi.......

Air Terjun Jumog Kabupaten Karanganyar viewnya biasa-biasa saja, hawa dinginnya masih kalah jauh dengan daerah Pakis Baru Nawangan dan sekitarnya, tapi kenapa setiap sisi Jumog dan sekitarnya menjadi salah obyek wisata Favorit lokal saat ini? (liputan langsung Redaksi Pacitan Post).

Pacitan Post Group.04.08.024.
Sajatine Kabupaten Pacitan , soal jenis  obyek Wisata - ( Kwantitas)  menang adoh dibanding daerah liya,  bahkan mungkin  sak Asia Tenggara Kabupaten Pacitan paling ,, terlengkap,,

Pacitan duwe panorama  Laut sing  Endah sepanjang 96 Km , duwe puluhan Goa bahkan enek sing terbaik se Asia  , enek Wisata Air Panas ( kadar belerang) paling aman lan paling apik se Indonesia , enek Wisata susur  Sungai , enek Wisata Monumen Perjuangan , enek wisata Religi , Enek wisata Musium Presiden lan terakhir kota Pacitan duwe daerah dataran tinggi (Istimewa) sing Ademe' pol.

Khusus Daerah Adem.
Biasane Kabupaten / Kota , sing duwe' daerah adem , mesti lemahe' subur , rakyate makmur  merga obyek wisatane'  mashur / terkenal.

Conto faktual  : 
Daerah Puncak Pas Cipanas   Bogor , kota Batu Malang , Dataran Tinggi Dieng  Wonosobo  ,Kali urang  Sleman   lan terakhir Jumog /sekitar Tawang Mangu kabupaten Karang Anyar Jawa Tengah.

Air Terjun Jumog.
Panorama Air Terjun  Jumog  Karang Anyar Jawa Tengah ,  isa diarani biasa biasa saja  , tapi giat pelaku wisata Air Terjun Jumog ( Pewarta) ngacungi jempol  , The Best Tourism Actors.

Warga Lokal dataran tinggi Kabupaten Karang Anyar ( Tawangmangu dan Sekitarnya) bener bener memanfaatkan potensi daerah sing enek.
Pada daerah adem liyane , hasil bumi utamane sayur mayur / buah buahan dikelola krana apik lan terpadu.

Kuliner .
Iki sing diarani wartawan gumun ! .
Engatase' obyek Air Terjun Jumog muk sekedar koyo  kalen / sungai kecil sing banyune ora Pati okeh tapi bening
 
Kanan kiri sungai kecil dimanfaatkan sebagai tempat kuliner warga lokal dan kondisinya cukup ramai.

Kocapo ' 
Masiha muk sekedar  wujud kalen , ananging warga lokal  ,, memanfaatkan,, kiwa tengene' kalen kanggo dodolan panganan ringan .
Enek  kopi ,wadang jahe , mie lan panganan  panganan ringan liyane.

Ternyata usaha  (kuliner ) warga lokal cukup berhasil , wisatawan  akeh sing tuku sinambi ngawasi anak anake' ciblon ana kalen  sing banyune bening  , ora Pati Jero Lan  aruse' ora Pati banter , pendek kata aman kanggo ciblon.

Pelaku wisata liyane ...! 
 misale' tukang ojek lan mobil wisata sing jumlahe puluhan bahkan atusan .
Lanang wedok dadi tukang ojek , Ning jumok  wis biasa lan membudaya.
Miturut Endang ,  ojek wedok sing sempat  gonceng bojoku omong , minimal sedina entuk 200 ewu Bu ,  lumayan  jare endang sumringah.

Jadi daerah Dinamis.
Secara umum , dataran tinggi Kabupaten karang anyar wargane makmur makmur , kafe kafe pathing tlecek , villa lan Wisma   Pating clenuk , Hotel klas melati bak koyo jamur musim udan ,  atau pendek kata '
 kehidupan wargane dinamis banget.


Bayangke' Pakis Baru Nawangan.
Pimpinan Redaksi  sing uga ( owner) Media Pacitan Post   (bubar Plesiran) menyang Jumog  langsung duwe penenilaian , Bahwa Obyek Wisata Air Terjun  Jumog   Cukup berhasil .

 Bayangne' Dataran tinggi Pakis Baru.
Wartawan sing uga ketua FPPA Pacitan, ndelok kasunyatan warga  Jumog makmur makmur , langsung bayangake ! 
Seumpama warga daerah Pakis Baru Nawangan lan sekitare' ,  sing nota bene' duwe' daerah hawa sejuk lan  adem , umpama  perilaku wargane ' kaya daerah dingin liyane , mendah Ale makmur kehidupane'.  

Daerah Adem diluar Pacitan ora duwe' Obyek Wisata sekelas Nasional , tapi Daerah Adem Pakis Baru Nawangan , duwe' Monumen TNI Tingkat Nasional sing cukup megah,  Yo kui Monumen Jendral Soedirman .

Saiki pertanyaane'
Nyangopo kok Kabeh daerah Adem Pacitan , koyo to Nawangan & Bandar lan sakpiturute , ora koyo daerah liyane sing luwih maju lan makmur ...? ( Bersambung..).



































Kamis, 01 Agustus 2024

Ngipi : GAGARIN Gelut Fisik Vs WIWIT BAGONG...Peh Seruu !

Pacitan Pos.01.08.024.
Kedadean lucu...!
Sak durunge pengurus  FPPA,  ketemuan resmi karo managemet  RSD dr Darsono Pacitan, wis koyo biasane, wartawan ngobrol disik ngalor-ngidul.

Ananging ana tengah obrolan, salah sijining wartawan sing jeneng inisiale (AP) omong yen mambengi ngipi Cawabub Wiwit Bagong gelut seru karo Wabub Gagarin.

Urung bar ale crito  wartawan (P) Wartawan  (Y) nyaut  omongan, yen mambengi yo ngipi Gagarin gelut karo Wiwit Bagong soal sepele, yo kui soal tumpeng larung sesaji malam tanggal siji sura.

Wartawan ( Y ) bahkan ngipine luwih detail, Gagarin sing nganggo klambi Warok ireng ireng, arep njupuk tumpeng sesaji sing arep dicemplungke laut, tapi ujug ujug Wiwit Bagong ngrebut tumpeng sing wis digawa Gagarin.

Tanpa basa basi, Gagarin sing duwe awak gede duwur koyo werkudara ngamuk sak kal, Wiwit Bagong dicengkiwing dilanjut gelut ana suketan, bar kui wartawan (A) kaget jawane arep melu misah, jebul muk ngipi. 

Wartawan Danur sing dicritani ngipine Wartawan (AP) dadi guyu kepingkel-pingkel,  sekaligus kaget kok ngipine wartawan loro pada, senajan critane beda.

Danur sing ana kepengurusan  FPPA kedapuk Penasehat, langsung ngramal yen iki dina DPP Demokrat lagi bingung,  milih Wabub Gagarin opo Wiwit BG.


Silaturahim Pengurus FPPA dengan Management RSD dr Darsono Pacitan di RM Tirto Wening Mentoro.

Pancen ngipine wartawan loro sing kebetulan pada, kaya-kaya  nyedak'i bener yen didelok saka situasi Politik Internal Partai Demokrat, kanggo Posisi Wabub DPP PD, nimbang penilaian  antara Gagarin lan Wiwit Bagong, tenan orane waktu sing membuktikan.

Sementara iku, terkait acara Pengurus FPPA sing lagi ngenekne silaturahim karo Management  RSUD dr Darsono Pacitan ana Warung Bebek Sinjay Mentoro,  nglairke bentuk kerjasama sing erat, yo kui bab informasi lan komunikasi.

Managemen RSD dr Darsono Pacitan, sing dipimpin langsung, Direktur Rumah Sakit dr Iman Darmawan didampingi Kepala TU dr Johan Tri Putranto lan pengurus teras RSUD liyane.

Pihak RSUD dr Darsono Pacitan, njaluk tulung marang kabeh  konco wartawan, ojo segan segan menehi kritik lan saran menyang RSD sing nganti dina iki isih mlebu Rumah Sakit type C (gemuk).

dr Iman menehi alesan,  yen munggah pangkat type C Rumah Sakit kita pancen abot, tapi ijik berusaha naik kelas, utamane nambah dokter spesialis urologi lan dokter  spesialis spesialis liyane.

Terkait antri jupuk obat kesuwen, pihak rumah sakit sing diwakili Bos Madu HD Asih, ngracik obat sing jumlah pasien sekitar 500, pancen kudu ngati ngati, merga jenis obat ora mung jenis kapsul utawa tablet, tapi enek obat sing diracik utawa digerus dadi memang rada suwi.

Ananging Asih nambah ake, kanggo solusi transfer obat ben cepet, pihak RSD Darsono bekerjasama karo jasa kurir sing ongkose adoh cedak kurang luwih 16.000 rupiah, tegas Asih.

Sementara, Ka TU RSUD dr Darsono sing terkenal cedak karo Wartawan dr Djohan Tri Putranto, nambah ake yen RSUD dr Darsono mulai tahun 2027,  bakal ketambahan dokter Spesialis Urologi lan spesialis penting liyane, calon dokter sing rata rata putra daerah iku saiki jik pada kuliah, imbuh  dokter  sing kabar manuk  calon Kepala Dinas utawa Direktur Rumah Sakit.

Kabeh penjelasan teknis lan medis  saka management RSUD dr Darsono Pacitan, gawe kepuasan tersendiri kabeh Pengurus FPPA Pacitan, malah ana akhir acara management RSUD dr Darsono, entuk pujian saka "Wartawan" senior Purwo saka (RSP/Detik.Com). (Tim )










Rabu, 31 Juli 2024

Murid Do Nakal Merga Guru Wedi Dilokne Langgar Ham, Ati-ati Kenal Seks saka SMP


Kadis Pendidikan Pacitan Ir Budiyanto MM sepakat dengan Ketua FPPA Sutikno untuk saling dukung mutu pendidikan.

Pacitan Pos.31.07.024.
Dalam rangka peningkatan mutu pendidikan  bermartabat , Kepala Dinas Pendidikan Pacitan Ir Budiyanto MM  ,, sepakat ,, bangun kerja sama informasi karo Forum Wartawan Pacitan ( FPPA).

Menurut Mantan Kadis  PUPR Pacitan Ir Budiyanto , kerjasama Informasi kudu dibangun marang semua pihak,  sepanjang informasi  bermuara kebaikan.

Budiyanto menyadari , era  serba global ,  kepampuan insan Pendidikan sangat  terbatas , mulo bersinergi  marang konco Media tepat banget , pasale sifat kerja Media  ,, duwe  kemampuan (mata elang lebih ) sing ora diduweni pegawai liyo , tegas Budi.

Pendidik  berbuat ala , wartawan wis ngerti disik , murid nakal  wartawan wis ngerti disik , penyelewengan oknum wartawan uga wis ngerti disik.
Mulo kerjasama pengelolaan informasi dinas pendidikan karo FPPA/ Pewarta ,  nguntung ake  insan pendidikan sing jumlah lan langkahe terbatas, imbuh Budi.

Sementara ketua FPPA Sutikno   sadar.! jumlah guru terbatas , beban pekerjaan meningkat , problema  siswa macem macem  , ditambah  pengaruh  eksternal berbasis digital sing Saiki dadi momok pendidik.


Akeh siswa sing  seneng gelut   akibat niru kekerasan ana HP , Akeh siswi meteng disik akibat pengaruh nyekel HP , lan liyo liyane sing acap kali gawe pusing pendidik.

Sing repot   imbuh Sutikno , 'arep menehi sangsi guru  ora wani , njiwit ora wani ,  gelokne  siswa pun guru ora wani   ,  sebab Kabeh muk mengindari tudingan pelanggaran Ham sing acapkali terjadi.

Kesimpulane ' kerjasama antara pendidik lan media perlu dipererat , wartawan  arep menehi info ora sungkan ,  guru AREP njaluk info Yo rasungkan , sing penting Kabeh saling membutuhkan...( Tik)















BUPATI : SING PENTING ENEK DANGDUT'e PENGUKUHAN FPPA SUK!


Bupati Pacitan KRT Indrata Nur Bayu Aji wawancara dengan TVRI JawaTimur siap mengukuhkan pengurus  FPPA Pacitan Periode tahun 2024-2026 .

Pacitan Post.31.07.024.
Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji , njaluk gek ndang  segera  , Pengurus anyar Forum Pewarta  Pacitan ( FPPA)  tahun periode 2924-2026 di kukuhne.

Jare Bupati!..
Arep ning pendopo utawa ning halking Bupati siap , sing penting enek dangdut'e , imbuh Bupati ambi guya guyu.

FPPA Pacitan !  sing dipimpin Gustik saka media Pacitan Post , bertandang  menyang kantor Bupati bareng 5 pengurus. FPPA. sing tujuan pokok'e silaturahim.

Ananging jenenge' wartawan , mumpung ketemu Bupati akeh pitakonan marang beliau , utamane terkait penggunaan Dana Pers sing  dianggep kurang transparan.

Vokalis Pacitan Muh Saptono Nugroho , nganggep selama iki penggunaan dana Pers urung transparan lan urung sesuai mekanisme sing berlaku.

Sementara Bupati Pacitan KRT.Indrata Nur Bayu Aji , entuk pertanyaan ndadak saka Saptono , janji bakal tekok marang DinS Kominfo sing ( mengelola ) penggunaan dana Pers, yo wis  mas engko tak tekokne kominfo pak , Jawab Bupati santai.

Sing menarik Pernyataan Bupati terkait , jelang HUT RI ke 79 , bakal ditekani mantan Presiden RI ke enam Susilo Bambang Yudhoyono , INFONE arep gawa sekitar 300 Alumni , Akademi Militer tahun angkatan SBY.

Insya Allah 300 tokoh sing rata rata Jendral TNI ,  bakal melu upacara agustusan ana Lapangan Pendopo Pemkab Pacitan , imbuh Bupati Aji sing duwe gelar kraton KRT ( Kanjeng Raden Tumenggung).


Perlu dmangerteni , Bupati Pacitan Indrata Nur Bayu Aji iki dina, kejaba tepot marang tugas tugas pemerintahan , uga  disibukne tugas kepartaian sing kebetulan arep pilkada serentak 27 Nopember 2024.

Bupati ngakoni , pikirane urung pati tentrem merga Surat  Rekomendasi Pilkada Pacitan, khusus Partai Demokrat sesuai tradisi yen mudun menjelang hari akhir pendaftaran Bupati/Wakil Bupati ..( gustik)

















Selasa, 30 Juli 2024

DIPARANI NING KOST, GADIS 17 TAHUN DIBEKEKEK NING PAGER JOINANGUN

Konferensi Pers kasus Perkosaan Karyawan swasta di Dusun Pager Arjowinangun.

Pacitan Post 30-07-024.
Pancen mengendalikan ,, sotong,, yen wis muntlup- muntlup, kanggone wong sing bejat morale'  pancen  angel tenan.

Terbukti Asrul Anwar, pemuda saka Desa Punjung Kecamatan Kebonagung Kabupaten Pacitan, lagi kenal sedilit! bocah wedok mlenis sing keetung ijik dibawah umur , Asrul nekat memperkosa.

Lokasi pemerkosaan tersangka Asrul, ana Dusun Pager Desa Arjowinangun Kecamatan Pacitan,  dina Jumat - tanggal 19 -07-2024 sekitar bar magrib ( jam 18.30 Wib).

Menurut Kapolres Pacitan, AKBP. Agung Nugroho, tersangka Asrul (19) pancen awale' duwe rasa seneng marang korban ITN ( 17) , lan  diduga merga senenge'  Asrul klewat batas  lan  ora Isa ngontrol nafsu birahine', akhire terjadi pemaksaan.

Kronologi...!
Korban ITN  sing kebetulan ana njero kamar, jarene'  ujug ujug  Asrul nylonong mlebu omah  lan langsung mlebu kamar.

Pengakuan korban,   Asrul  jarene' bola-bali ngrayu ajak ..nano...nano.. tapi ditolak mentah-mentah korban. 
Akhire tersangka Asrul  nekat langsun mbekekek korban , sikil  korban dijepit antar sikil  , tangan  korban loro karo dibekuk lan ditindih, ..akhire.' ..bles....bles... kenek tenan! 

Tapi naas  ! bar nglakoni aksi bejat, tersangka Asrul ora gek lungo utawa mulih, tapi malah turonan ning kamar bareng, ndlalah  ora let suwe kangmase korban  teka , karepe  muk arep sekedar numpang adus ning kos-kosan adine ana Pager Joinangun.

Mungkin merga ketok sepi pintu kos didodok , tapi di dodok dodok pintu ora dibuka, merasa curiga mase korban  berupaya ngindik ana celah-celah kunci pintu kamar.

Alhasil ternyata ana njero kamar enek wong lanang ,, klemahan ,,  ana njero kamar, penasaran kang mase korban ngancam bakal lapor Polisi, mungkin merga keweden akhire pintune dibuka.

Buru buru korban ngaku bar diperkosa Asrul secara paksa,  saksi  sing asale saka Desa Candi, Kecamatan Pringkuk krungu pengakuan adik'e diperkosa langsung tersangka asal  Desa Punjun iku  dilaporke Perangkat lan Polisi lan langsung dikeler menyang Polres Pacitan.

Sing dadi pertanyaan warga lingkungan, Iki diperkosa opo pancen seneng-karo seneng, mengingat saat dibekekek (dilumahne paksa) ora ana tanda-tanda gaduh.

Opo meneh dengan (santai)  bar ngrudo peksa korban , tersangka Asrul ora gek mlayu utawa mulih, tapi malah klemahan ana kasur, tur bar kui korban (ITN), yo ora bengak-bengok.

Ananging merga korban ngaku dipeksa saat berhubungan, Polisi Polres Pacitan tetep mengenakan pasal perkosaan anak di bawah umur, merga korban ijik umur 17 tahun.

Polisi bakal njerat tersangka Asrul Anwar Karo Pasal 81 UU RI NOMOR 17 TAHUN 2016 tentang penetapan peraturan pengganti Undang Undang RI  nomor 1 tahun 2016, tentang perubahan kedua Undang Undang RI tahun 2003, tentang perlindungan anak menjadi undang-undang.

Pelaku mulai wingi wis ditahan kurang luwih rong puluh dina kedepan ana tahanan Polres Pacitan. Kemungkinan tersangka asal Punjung Iki bakal kenek ancaman hukuman paling suwi 15 tahun. (Tim)














Ad Placement

Kesehatan

Olahraga

Covid-19