PACITANPOST

Senin, 26 Agustus 2024

PILKADA : GOLKAR -DEMOKRAT MULAI MIKIR GOLEK TENGULAN .


Pacitan post 27.08.024.
Wektu pendaftaran Pilkada Pacitan , dimulai dina kingko selasa (27/08) , sesuai aturan KPU pendaftaran Bakal Calon muk dibukak 3 dina, kecuali yen Pendaftare muk siji. 

Umpama Pendaftare muk sak pasang, KPUD Pacitan bakal memperpanjang waktu  pendaftaran Calon Bupati /Wakil Bupati Pacitan. 

Ananging yen nganti perpanjangan wektu isih urung enek sing daftar, Pasangan Aji- Gagarin bakal  dilawan Bumbung Kosong, lan menurut komisioner KPU  Agus sah. 


Muncule Rekom sing  ternyata ,, LANJUTKAN,, ternyata dadi pemikiran khusus penggede penggede Partai Demokrat lan Partai Golkar ana Pacitan. 

Kubu  Aji - Gagarin wis mulai ndredeg , sayup sayup muncul Wacana, Incumben bakal dimungsuh Bumbung Kosong, 

Kanggo  ngantisipasi lawan Bumbung Kosong ( menang kalah dadi guyon) iki dina Golkar lan Demokrat , wis mulai nyetel nyetel figur sing bakal digawe TENGULAN (Boneka). 

Partai koyo Hanura, Gerindra. PPP. Nasdem lan PKS pun wis mulai dijiwat jiwit marang penggede Partai Golkar lan Demokrat, sing intine  beb gelem dadi TENGULAN utawa Boneka.

Sedang Tujuan  Pasangan Nyawiji terpaksa gawe ,, TENGULAN"  ora enek meneh tujuane  muk go tutup isin, sebab wong tanding mungsuh Bumbung kosong iku BERBAHAYA,, menang ora kondang kalah ngisin isini. 

Signal Si TENGULAN/BONEKA bakal enek, ketok saka starmen Komisioner Agus KPU, saat bahas kemungkinan muncul Bumbung Kosong, saat iku  KPUD ketrucut omong, wingi wis ketekan pimpinan Partai tertentu, insya Allah ora enek Bumbung kosong... lha dalah..( gustik) 














REKOM DISAMBUT LINDU..


Pacitan posisi. 26.08.024.
Warga Pacitan lagi wae entuk kabar, Surat Rekomendasi Pilkada Partai Demokrat wis mudun, tentu enek sing seneng yo enek sing raseneng. 

Pendukung AMAN , mungkin ijik rada kuciwa merga jagoane ( Wiwit BG) ora entuk rekom, padahal ale sosialisasi wis mubeng teka ndi ndi. 

Kocapo...!
kabar mudune rekom lagi limang menit, ujug ujug Moloekat  , ngograk ograk bumi sak isine, nganti gawe warga Pacitan mlayu tunggang langgang golek slamet. 
Nganti berita iki mudun,
Urung enek informasi resmi , Lindu gede sing pusat ana Gunung Kidul ana kerusakan . 

Warto Warga Gunung Kidul sing omahe Beji PAthuk Gunung Kidul pancen krasa yen lindune banter banget, tapi Warto urung krungu yen enek kerusakan  , yo mung kabeh warga mlayu kebirit birit, jare Warta. 

Ternyata anane Lindu, sing meh bebarengan mudune rekom, okeh dikomentari netizen lan pendukung Cabub/Cawabub sing kecewa. seolah anane Lindu (sing ujug ujug kimeng) enek hubungane karo mudune rekom, waduh Pacitan bakal enek opo iki, jare Siswanto guyon.

Bahkan  simpatisan Partai Golkar , sing kawit awal pingin GAGARIN TANDING , rumangsa kecewa berat, ben enek Lindu gede ..ora ngurus.... Parah Pol Gagarin jare ginarto sewot. 

Pantesan aku moco baleho ning Mentoro sing unine ,, Yen Wedi ojo Wani Wani yen Wani ojo Wedi Wedi , oh alah jebul wedi tenan bosku.. Wedi tenan..bosku...bosku, jare ginarto mbregudul karepe dewe... (Gustik) 








PILKADA WIS BAR...


Pacitanpos. 26.08.024.
Akhire tenan, Kode lanjutkan baleho gede ngarep pasar kobong lan sikap diam gagarin, membuktikan yen Pemerintah Kabupaten Pacitan bakal dipimpin wong loro maneh Aji-Gagarin. 

Surat rekomendasi wis mudun mambengi, wis disrahne Bupati Aji lan Wabub Gagarin.langsung ana DPP Partai Demokrat Jakarta. 

Gelem ora gelem kabeh kudu legawa, pendukung Wiwiet Bagong sing  sempat ngidap dapi kudu sareh , Bali nyang kandang dewe dewe. 

Dipastekne secara itungan politik, Pilkada Pacitan wis bar, ora mungkin jago liya arep wani nantang Jago Top Nyawiji Aji Gagarin. 

Memang enek Pak Ronny Wahyono sing digadang gadang dimajukan pihak tertentu, tapi meh iso dipastikan ora sudo nyabub. 

Miturut  Mardjuki saka LSM PCW , kondisi perpolitikan ana Pacitan terkait pilkada serentak tahun 2024 mirip KIM ana pilkada Jakarta. 

Kondisi koyo mengkono, sejatine ora sehat, kabeh melu sing wis gede, tapi ora gelem gawe gede dewe, kabeh Partai ning Pacitan koyo ayam sayur, petak petok ora enek kluruk'e. ( gustik) 


Jumat, 23 Agustus 2024

Serba Serbi : Mardianto macak koyo DUkun, Bu Ronny Paling Ayu.Tikno.Wuri......

Pacitanpos, 23.08.024.
Serba serbi acara pelantikan anggota Dewan, tahun periode tahun 2024-2029 maeng awan (23/08) , Klebu pelantikan paling heboh .
Akeh Kejutan penampilan anggota Dewan, bojone , anak'e lan pengombyong liyane persasat kabeh dandan  menor menor. 

Macak kaya paranormal..! 
Mardianto, Dewan kawak asal PDI Perjuangaan  tampil beda, yen dewan liane tampil rambut pendek , klimis lan rapi, Mardianto justru tampil rambut dawa kaya paranormal . 

Tokoh asal Donorojo sing pemilu  limang tahun kepungkur leren  dadi dewan diganti Lia ( anak'e wedok) , maeng sore tampil santai lan ora ngawak'i, malah enek sing omong kang mardi koyo Dalang

Bu Ronny Paling Ayu Dewe'. 
Perhatian undangan ora mung tertuju karo anggota Dewan sing dilantik, tapi mrembet menyang bojone lan pengombyong wedok liyane. 

Jenenge' wong iseng, kabeh wong wedok sing wira wiri ana sekitar Gedung Dewan, nyang wong lanang kabeh diplelengi siji siji, kabeh sepakat lan menilai yen Bu ,, Dian Anggraeni Yusuf ,, sing nota bene Bojone Ronny Wahyono paling Ayu Dewe'. 
Sak Krandah Dadi Dewan Kabeh..! 
Daerah Propinsi Banten, sing paling terkenal Sak Krandah dadi Pejabat kabeh , yo kui keluarga besar Ratu Atut Chosiah ( mantan Gubernur Banten) . 
Enek sing dadi Gubernur, Bupati/ Wali Kota, anggota DPRD / DPR RI lan jabatan jabatan struktural liyane. 

Ana Pacitan yo enek, yo kui Keluarga Pandu Khemal ( Asisten I Pemkab Pacitan) , Mulai saka Bapak'e ( Sutikno) Adik'e ( Bagus Surya Pratikna) , budene ( Suprihati Winarcahyani) anak'e Suprihati sing jenenge (Willy)) kabeh dadi Dewan. 

Hebate ' wong sak Krandah iki maeng tempur bareng dadi sak dapil, yo kui dapil 4 (Bandar Nawangan) Pacitan, ndlalah kok yo dadi kabeh! 

Anggota Dewan sing Diprediksi , bar dilantik ora gadekne SK. 
Jenenge wong okeh, kadang yen wis guyon mambrak mambrak teka endi endi. 
Saat jenenge Wuri E. Nashira disebut marang protokol pelantikan, ujug ujug pada komen plesetan. 

Ayo bedhek'an ' sopo Dewan sing bar dilantik ora gadekne SK ne menyang Bank Jatim, Spontan kabeh jawab Wuri E. Nashira. 
Alesane Wong Tuane Wuri klebu wong sing ekonomine paling mapan ana Pacitan, sing salah siji  usahane yo kui ana Jasa Keuangan. 

Legislator asal Dusun Kedawung Desa Mentoro Pacitan iku, ana pemilu tahun 2024 mencatatkan diri dadi Dewan Wedok ke 2 asli Mentoro setelah Ririn Subianti saka PKS sing terpilih sejak tahun 2019   
Wartawan ngipi dadi Polisi. 
Dudu Wartawan yen ora slengek'an, kocap wis awor konco, guyon ora ngerti wates , ora ngerti papan. 

Ana pelantikan anggota DPRD maeng awan, kabeh ditempatkan ana lantai 2 blok B, dasar wartawan kon lungguh metengkluk, yo mesti buyar golek enggon sing kenek go udut lan ngopi. 

Mbuh piye critane, ujug ujug wartawan sing jenenge Slamet Rosida nyaut Topi Polisi sing dicopot merga arep ngopi. 
Spontan Slamet bersikap tegak, seolah bersikap koyo Polisi tenanan. 
Ambi bisik bisik wartawan sisihe omong, ndisik nate tes mlebu Polisi ora katut.. Ha ha.. (gustik) 









SERBA SERBI PELANTIKAN DPRD. ENEK SING KOYO DUKUN. BU RONNY PALING AYU. RARA SUGIH DEWE.TIKNO SAK DULUR OKEH DEWE.

Ad Placement

Kesehatan

Olahraga

Covid-19