PACITANPOST

Selasa, 23 Juli 2024

PENGGANDA UANG PRAKTEK NING MENADI ,MANTAN KADES.PNS GLINDING KEBLELON...!

Tersangka Paranormal Gadungan pengganda uang dibekuk Polisi Polres Pacitan.

Pacitan . 23.07.024.
Ana Pacitan, Para normal praktek nyulap duit , kumat maneh , padahal  wis bola bali kedadean , atik pada ora kapok.

Paling gres Paranormal nyulap duit asal Trenggalek  , praktek ana desa Menadi kecamatan/ Kabupaten Pacitan.

Sing hebat , korbane ora muk wong biasa, tapi PNS bahkan  mantan kadespun dadi korbane si paranormal gadungan asal Trenggalek.

Menurut Kapolres Pacitan AKBP Agung Nugroho , tersangka  Jamun ( 59) awale.muk sekedar praktek perdukunan , tapi suwe suwe tersangka Jamun ,  ngajak pasen langganane' investasi Bodong , modal 2.500.000 dikembangne iso malih 2 Milyart ,tegas Kapolres.

Alhire' berdasar laporan warga sekitar Desa Menadi , Polres Pacitan mampu membekuk paranormal Gadungan tanpa perlawanan berarti.

Barang bukti arupa keris , jimat jimat palsu , kembang kembang  lan sepeda motor milik tersangka di amankan pihak Polres sebagai barang bukti.

Jamun  sing saiki mendekam ana tahanan Polres Pacitan dijerat pasal 378 KUHP tentang penipuan , kanthi ancaman paling suwe 4 tahun.

Sedang bojone si Jamun , sing ewang ewang tersangka praktik keparanormalan, iki dina isih sebatas dadi Saksi , tapi tidak tertutup bojone jamun isa dadi tersangka.

Foto : Barang bukti arupa dupa.kembang kembang , keris lan sepeda motor sementara disita polisi.

Pers Relise sing melibatne sebagian anggota FPPA , digelar ana aula Bhayangkara Polres Pacitan jl Ahmat Yani selasa 23/07)  sekitar jam siji awan .

Ana sesi akhir wawancara , Kapolres Pacitan menekankan perlunya pengetahuan marang masyarakat terkait golek rejeki sing sah  , hindari rejeki yang bersifat Haram, imbuh  pak Agung Nugroho  Kapolres Pacitan ( tim)











Senin, 22 Juli 2024

Gara gara Baliho Gagarin werna biru , pendukunge' dadi munyeng...!

Gara gara Baliho Gagarin werna biru , pendukunge' dadi munyeng...!

Gara gara Baliho werna biru Warga Pacitan  bingung karepe' de'we'.

Pacitan Ppos.22.07.024.
Jelang Pilkada Pacitan tahun 2024, warga Pacitan dihebohke'  Baleho Gagarin sing wernane' ora kuning  koyo biasane.

Ditengah isu rekom sing wis mudun , ujug ujug Ketua DPD Partai Golkar Gagarin ,  pasang Baleho , sing wernane didominasi werna biru sing identik werna Demokrat.

Masiha muk sekedar Baleho, merga momen Pilkada dianggep penting , baleho werna biru ( Gagarin) dadi spikulasi liar sing kadang dadi perdebatan panas.

Enek sing berspikulasi , werna biru menandakan Pasangan Indrata Nur Bayu Aji tetep karo Gagarin sebagai Pasangan Cabub / Cawabub.

Bahkan akeh legislator Pacitan berpandangan  pada karo kebanyakan warga.
Misale'   ! Ketua DPC PPP Agus Setyanto  , Hariawan lan sediono   berpandangan yen Pilkada Pacitan  panggah adem ayem alias wis bar.

Potret Gagarin injoy nonton Lavanipun dadi ramalan warga pacitan,iki maju opo lanjutkan.

Sing repot meneh , ternyata  ora mung masalah Baleho werna biru  sing dadi rasanan , ananging sikap Gagarin sing ujug ujug nongol ndelok Lavani tanding  Final Proliga  ana Jakarta bareng Bupati Aji lan staff liyane.

Didelok saka gesture Gagarin , wajah sumringah tanpa beban , warga Pacitan menilai , Pilkada Pacitan lanjutkan Nyawiji jilid 2.

Ananging kabeh muk tebak tebak'an , urung enek kepastian terkait Rekom Demokrat ,  Cabub'e sopo, wabub'e sopo nganti dina iki urung resmi direlise.

Bagus Surya Pratikna (timses) Wiwit Bagong ,  yakin 99,9 persen jagone bakal entuk rekom DPP Partai Demokrat sebagai Wakil Bupati Pacitan dampingi incumben Indrata Nur Bayu Aji.

 Aku yakin mas , pak Rakhman Wijayanto sing bakal kerekom DPP Partai Demokrat,  tapi sing enol koma persen  , kui urusan DPP Partai Demokrat , jare bagus ambi guya guyu.

Sementara pengurus DPD Partai Golkar Sri Widowati , omong ora usah bingung terkait baleho pak Gagarin sing wernane' biru lan ijo , tenang Golkar Pacitan isih nunggu perintah DPP Partai Golkar Jakarta.

Legeslator sing uga disebut Srikandi Golkar iku  nambah ake,  yen iki dina detik detik menunggu petunjuk DPP , Tapi ojo salah yen DPP Partai Golkar wis nugaske pak Gagarin nyalon Bupati lan nganti detik iki urung dicabut , klir yo gus...' ambi guya guyu.

Nganti berita iki ditulis , Gagarin lan Indrata Nur Bayu Aji sing pada pada kejibah ketua Partai  ana tingkat Daerah, urung isa dihubungi , hp ne tulalit..tulalit..terus menerus...( tim)












Ad Placement

Kesehatan

Olahraga

Covid-19